Saturday, July 05, 2014

SINAUO BOSOMU DHEWE

Wingi aku ambek konco-konco sing melok Summer School dike'i kesempatan mlaku-mlaku nang Tunjungan. Eh, maksudku nang tengah kota Hsinchu. Tepakan pancene wingi kuliahe dipindah nang Museum Gambar ndhik tengah kota.

Yi Hong, arek ayu, panitia Summer School, sing arep mulai PhD nang Hawaii, Amerika, ngeke'i woro-woro:

"Rek, panitia nyediakno bis loro. Kelas buyar jam 6. Nek koen pingin ndelok-ndelok kota, tak ke'i 3 jam ya. Sak karepmu ate nang endi. Pokoke mbaliko nang Museum sak durunge jam 9. Bis ate nyusul rene jam sak mono. Nek koen telat, aku gak melok-melok. Tapi nek koen wis pingin ndang turu ngiler nang asrama, isok melok bis panitia sing jam 6."

Ya jelas aku milih mlaku-mlaku. Lha wong aku selak kudu buko. Telung ndino wingi buko menu teko panitia. Kotak mangan awan tak gawe buko.  Cek angele golek sing tepak nang ilat. Mau awan, Christen, arek Ostrali sing kuliah PhD nang Universitas Sydney, ngandhani aku. "Onok restoran Indonesia, Wik. Gak adoh kok. Engkok tak duduhi nggone."

Buyaran kuliah, arek-arek wis podo ribut. Terutama sing pingin mlaku-mlaku. "Nang endi enake, rek?" "Wis nurut sikil ae. Pokoke golek mangan." "Aku pingin golek oleh-oleh." Padha cemruwit kabeh.

Aku ambek konco-konco akhire sepakat mlaku nang arah kuil Cino. Jarene onok pasar malem ndhik sekitare. Dalane ya sak arah karo restoran Indonesia sing atene diduduhno Kristen. 

Mlaku-mlaku nang tengah kutho sing bek tulisan pager, apa maneh gak iso ngomong Mandarin. Rasane koyok Lost in Translation. Pancene kudu duwe strategi. Paling gampang sih nempel konco sing iso dadi penterjemah.

Pas ndhik pasar malem jelase akeh wong dodol mie. Martabak Taiwan. Bakso. Tapi ambu babi kabeh. Mulek rasene wetengku.

Tak delok Ellen, arek UI sing njupuk S2 Kajian Budaya, ngadeg nang ngarepe bakul martabak.

"Apa iku Len?" takonku.
"Koyoke cuma endhog mbak. Ditambahi sayur, trus kerang. Aman ketoke gawe sampeyan. Coba' takono."

Aku takon onok babine apa gak. Nggawe boso Inggris. Bakule kangelan njelasno. Tapi ndelok gerak-gerike, jarene gak onok babine.

"Ya wis aku pesen nggawe endhog loro. Gak athik kerang yo." Aku ngomong ngono ambek tanda 'Salam 2 Jari.' Bakule paling ya gak mungkin mikir aku ndukung Jokowi. Paling-paling aku ya kudu golput maneh, wong alamat gak iso nyoblos nang kene. Asline yo aku sik bingung.

Ngenteni bakule nggoreng, aku kok gak enak ati. Ellen iki sakjane ngono keturunan Tionghoa. Tapi kok yo gak isok Mandarin blas. Aku ambek Ellen tolah-toleh. Nggoleki konco peserta sing teka Cino daratan utowo Taiwan.

La kok tiba'e Christen sing dadi penyelamat. Arek sitok iki lanyah pol ngomong 'cang cing cung.' Lha wong pancene lagek neliti tentang budaya Cina gawe tesis S3-ne.

"Kris, takokno ono babine apa gak. Lengone kok meragukan ngono."

Embuh apa sing diomongno Kristen nang bakule. Tapi dheweke langsung ngandhani aku. "Iku lengo babi, rek."

Jam 6.40 sore. Kurang 9 menit maneh wis meh mlebu jam Maghrib. Iki ngono wetengku wis kosong mulai jam 4 isuk. "Wis aku tak mbalik nang depot Indonesia ae," jareku nang konco-konco sing wis mulai golek enggon lungguh.

Ellen melok. Kristen sempat bingung. "aku yok opo iki enake?" Tapi akhire ngomong, "Wis aku melok pisan. Pingin ngrasakno panganan Indonesia."

Mbalik dalan arah nang museum, aku, Ellen karo Kristen sik sempat longak-longong ndelok wong dodolan. Ellen ngiler pingin tuku sosis babi. Nyekel-nyekel daster, pingin nawar regane. Weleh weleh, pancen lucu kok donya iki. Onok arek Indonesia keturunan Tionghoa sing gak isok boco Cino. Kudu ngandhalno arek bule njelasno karepe.

Mangkane yo rek, mumpung sik podho isok boso Jowo, belajaro nulis nggawe boso Jowo. Sak durunge ilang kabur kanginan. Ojok sampek awake dhewe kudu nggoleki wong Leiden nang Londo kono, nek kene pingin sinau budayane dhewe.

                                                 Aku ambek Christen Cornell

                                            Aku, Ellen, pak Nando (sing duwe depot Karimantan)


Salam bonek teko Hsinchu, Taiwan

4 comments:

Ellen S. Kusuma said...

bahahaha... iki wong e hadir mba e.. sing ra iso ngomong cino tapi no turunan cino :D *salam jari loro*

Rie Rie said...

lhah...nyoblos di Taiwan, Bu?

Halina Said said...

Mbooisss, sip joss :)

GADIS LERENG SINDORO said...

Wah, jarang sekali saya membaca blog dengan susunan bahasa daerah (jawa) yang rapi.
Mungkin sesekali, saya juga perlu mencoba :)